Sunday 29 January 2012

Kidung Pari-an


Ijo-ijo godonge jengkol...
Bojoku loro, rebutan Kon....Ci.....

Wetan kali kulon kali dik...
Kapene nyabrang, gan nok uwotee...
Sing wetan gati, sing kulon yo gati nek ditimbang
podo abote...

Anggur manis dik, woh wohan mentah ngondoh loro..
Lugure songo.
Nek tandane dik peno sik cinta-
Liyo dino sambango merono...

Menyang jombang kampunge sengon-
Lemah geneng, akeh wedine...
Nadyan gak sambang cak, nek kirim ingon,
Nek pancen gak seneng...
Opo mestine...

Mangan tahu dicampur lemper
Sego rantangan- sayur kecipir
Gak perlu ragu nek sampeyan pinter
Kabeh rintangan, yo pasti nyingkir

Menyang pasar tuku krai,
Mangan Pundung nok tengah latar.
Gak ngelarang wong wedok brai-
Nek nggawe gelung ojok koyok roda cikar

Mangan bakwan dicampur salak-
Entek siji-Nok njero pawon.
Dadi Prawan ojok galak2-
Nek gak payu rabi, sido Babon......!

Menyang pasar tuku krai-
Sambel kobis-lalap tukulan.......
Gak ngelarang wong wedok brai...
Nek nggawe alis, ojok koyok pikulan.

Suroboyo dalane resik..
Kerikil anake watu....
Nek gak percoyo tako'o disik -
Isok dipikir-pikir karo melaku.

Tak ketuk..i...
Tak kenongi..
Mrico polo digawe bumbu...
Tak petuk-i...
Tak omongi nek digawe olo, yo sak karepmu...

Jeruk purut kerat kerut =
nok ndukor mejo dirubung semut...
aku nurut gak kurang nurut...
Rak saking peno yo sing kebacut

Tuku Sirup sak botole...
Bapak ku turu...
Ketok ko.....ndalan.......